Selasa, 18 September 2012

KEMBANG PLASTIK
(Maura Fabinka Ratnamurti)
 
Pasuryanmu warna-warni,
gawe rasa kesengsem sajroning ati,
senadayan wewujudanmu mung saka sedhotan plastik,
kang binuwang dening bocah-bocah sing bubar jajan,
teles tur pingget kageget untu,
isih cetho tumilas ing pucukmu.
 
Warna-warni kang endah serasi,
jroning panyawangku...
nambah rasa sengsem ing kalbu,
senadyan mung sedhotan plastik,
tilas lambe-lambe lan gegetan untu,
nanging bisa gawe sengseme atiku,
 
Kembang Plastik...
tanpa aji, nangin bisa gawe simpatik.